Sego Megono

 


Kalongan wis dikenal luas seluruh Nuswantoro sebagai daerah asal-muasal sego megono cecek sing paling sakpore. Rangandel? Jajal bae ning warunge Mba Ibah. Lokasine biso langsung di klik ning gugel nko metu map e. Warunge persis ning lapangan Sorogenen sebelah kidul sekitar dalan Teratai No.81, Poncol, Kec. Pekalongan Tim, Kota Pekalongan, Jawa Tengah 51122.


Aku nulis esai iki ilatku melu kemecer dab. Kebayang ayam kecap, tongseng, ndog dadar menu paling khas ning warunge Mbah Ibah. Masakane yo sedep. Sego Megono Mba Ibah saiki wis dadi ikon, legenda megono lesehane Kalongan.


Karang legend wong sing mangan ning kono yo ramene pol. Kudu sabar ngenteni antri didodoli. Ning kene yo ora iso cangkrokan suwe-suwe sebab kudu gentenan karo liyane. Pomaneh pas jam-jam mangan awan utawa pas nyore. Gel sesek-busek dab.


Pak piye-piye Sego Rakyat Mbah Ibah wis dicintai seantero kalongan lan daerah sekitare. Regone murah meriah. Mangan sego megono ayam kecap nginume esteh ora ngasi sepuluh ewu. Nek awakmu ngejak pacar sangu telung puloh ewu wis olih sego tongseng rong porsi tambah esteh rong gelas sing rung ewu gawe parkir turahe keno gawe tuku pulsa nggo telponan karo bribikan.


Sego rakyat Mba Ibah ora mung slogan dab. Asli merakyat, nama mau ki secara ontologi (halahh opo to, onto ki ning njidah ji) hakikat dab, bener-bener aktualisasi, perwujudan olah pikire Mba Ibah Group sak keluarga. La wong diarani sego rakyat sebab warunge Mba Ibah iki pelanggan awale yo rakyat biasa mulai kang mbecak, kang rongsok, bakol pur manuk, reno-reno lah. Lha tapi ra, saiki pelanggane ora mung kang mbecak, wong sing mobil-mobilan yo do mampir megononan ning kene.


Awet taon 1992 warung Mba Ibah didegke tekan saiki taon 2019 wis ono pitu likor taunan. Umure wes keno nggo nikah tor wis ndue anak siji umur setaon. Mugakke warung iki tetep lestari yo mergo kesetiaane karo pelanggan. Mba Ibah Group ora mbedak-mbedakke, sopo bae pelanggane olih mampir megononan ning kene. Ora pejabat ora rakyat keno mangan ning kene kabeh.


Wong kalongan sepakat warung megono Mba Ibah dedi pemersatu ilat soal megono, ayam kecap, lan tongseng sing sugih roso (ora koyo atimu nduk, sing ora ono roso babar blas, cemeeet...). Kanggo cah nom-nom sing pingin belajar opo kui arti langgeng biso merapat belajar ilmune setia utawa melu pelatihane sisan ning Mba Ibah Group.


Belajar dhek ayam kecap sing rasane sedep tapi yo ora kemaki. Tetep andap asor, murah mung ora murahan. Ayam kecap Mba Ibah simbol asmarane nom-noman awit mahasiswa, aktivis tekan cah kerjo berbagi urep sederhana karo pasangane. Ayam kecap wujud onone rakyat sing berdaulat menentukan arah uripe. Lewat sego megono sing ora kudu panganan larang koyo pizza, ciken, lan sak kancane.


Sego megono Mba Ibah wujud perlawanan wong kalongan karo panganan-panganan sing ora keno dirasakke ning ilat. Ilate wong Kalongan mung butuh roso sedep (koyo atiku nduk, mung butuh roso nyaman, halaaah.. mbel..). Udu ilate cah aleman sing mangan kudu selfi nang panggonan wah tapi rakeno rasakke mung larang regane. Cemet.


Suwun dab.


0/Post a Comment/Comments