Maido Culture

 



Ojo sambat, karang nyatane maido ki wis dadi kulture ndewe. Diakoni opo ora, awit jaman canggah udek-udek siwor maido wis eksis. Mugane, sebagai warisan budaya maido perlu dilestarikke. Lha bisane? Kokie critone dab...


Sakjane maido kui yo ono sebabe, ora kok ujug-ujug. Biasane dek perkoro sing nggawe ati mangkel. Nek wes, ora kakean miker maneh wong sing nggawe ati mangkel mau dipaido alias diseneni. Yo mesti ra, wong sing dipaido podo bae mangkele. La wong ora ngroso salah ujug-ujug kok dipaido.


Seko rung perkoro iki, maido lan dipaido, kedaden opo sing arane paido-paidonan. Paido-paidonan wis dadi semacam gaya komunikasine awake ndewe wong pantura bagian kalongan sak sekitare dab. Paido-paidonan kui wujud nyoto onone dialektika sing dibungkus komunikasi (Halaaah opo si dialektika-dialektika mbarang, Cemet!...).


Maido karo dipaido ora iso dipisahke dab (koyo aku karo dekne sing ora iso dipisahke wektu.. heleh... opo si). Paido-paidonan kudu tetep lestari dab. Mergone opo? Yo men ono sing tetep nyadarke nyong sampean kabeh nek sejatine urip kui ono wong liyo sing mbeji. Perkoro apik neng awake dewe urung mesti apik nek diterapke nang urip sosial ning masyarakat.


Misale turu. Perkoro sereceh turu iso ndadekke wong tuwomu maido kowe. Turu kui yo apik dab. Tapi nek turune awit bar subuh tekan asar yo sopo wonge sing ora suker ndeloke. Sopo ngerti wong tuamu arep kongkon tuku lengo klentik utawa brambang abang? Who knows kan? Utawa biso bae pas kowe turu bribikanmu teko nangumahmu? Who knows, kan!


Gelem ora gelem, maido karoan dipaido kui wes dadi kulture nyong sampean kabeh. Ibuk-ibuk ndelok anake ora sekolah, anake dipaido. Weruh anake sekolah, ibuk-ibuk maido bapak mergo raono sangune (pancen ibuk-ibuk sing biasane dadi pemeran utama ning kasus iki dab). Tanpa maido urepe dewe -sebagai wong jowo bagian nkalongan lan sekitare- rosone hambar koyo-koyo sayur sop kurang uyah. Wes bersyukur bae sik ono sing maido, tandane sik ono seng gatekke.


Kokui puo, paido-paidonan ono tatacarane dab. Ora kabeh maido kui apik. Maido sing diumbar ning umum dadekne seduluran rusak ora apik. Maido perkoro sing udu hakke dewe yo ora apik. Maido ono batasane dab. Sebab maido kui nylekit. Maido kui rasane ning ati setingkat sak nduwure nyinyir.


Nyinyir culture mung sebatas sindiran. Biasane mung rame ning sosial media, biso rupo komentar utawa apdetan status. Lha nek maido kui luweh horor dab. Live. Nyoto. Nang ngarepe awakmu sisan. Ora liwat sosial media. Makane nek wong sing ora kuat mental iso ndadekke padu (Padu, ketika paido-paidonan wes campor emosi).


Dadi maido yo apik nek sebatas ngandani utawa ngilekke. Tapi maido dadi ora tepat sasaran nek coromu maido kliwat ngloroni ati. Pak piye-piye maido kui yo wis dadi kulture ndewe. Gari awake ndewe iso bijaksana opo ora gunakkene. Wes kokui tok tah nek jareku dab. Suwun.

0/Post a Comment/Comments