IPA ft. IPS


Akeh sing ndue anggepan nek sekolahe mlebu IPA berarti cah pinter nek IPS Ora. Tak kiro iki anggepan sing salah. Buktine koncoku cah IPS dadi ketua OSIS (Opo hubungane jal? Cemettt...).


Jareku masalah pinter karo ora ki raperlu dilabelke neng wong liyo. Sebab opo? Sebabe pintere wong siji karo liyane ki ora kudu neng hal sing podo. Misale si A pinter neng bidang agama lha nek si B pintere neng bidang ekonomi. Sing ngono kui ora masalah. Raperlu paido-paidonan.


Tur maneh opo sih ukurane pinter kui? Oleh rengking terus? Oleh beasiswa terus? Tak kiro ukurane ora mung kui lur. Asli. Biso bae bocah oleh rengking sebab pancen uteke encer utawa bocah mau ora klalenan alias pinter ngapalke. Dedi angger kon ngapalke bae ngasi ngklothok insyaallah rengking terus. Nhatapi opo kokui sing dikarepke bocah kon sekolah? Tak kiro yo ora ah.


Sing aneh bin ajaib maneh kui yo bocah sekolahe dewe. Ora sithik sing mutuske jukuk IPS mergo ngroso ora pinter. Pola pikir ngunu ki perlu dibenahi. Awakmu kabeh bebas arep jukuk jurusan opo bae asal dek passionmu dewe, ketertarikanmu dewe, kepinginanmu dewe. Soale pancen pingin ngembangke kemampuan ning bidang IPS yawes jukuken IPS rasah peduli omongan tonggo. Ngono bae kok sambat!


Aku dewe cah IPA, tapi yo mergo aku pancen seneng tur pingin ndalami bidang kajian IPA. Udu mergo ngroso pinter. Ora kokui jalan pikire. Udu maraki aku ndue anggepan nek cah-cah sing mlebu IPS kui cah bodo. Ora blas.


Luwih-luwih anggepan sing ngarani bocah kudu lebokke pondok nek bocahe mbeling. Ora dedi blas. Mbeling ora mbeling wong nyatane ngaku beragama yo perlu ngaji agamane. Sing Islam yo belajar ajaran Islam, sing Kristen yo belajar agama Kristen, sak teruse.


Belajar ora iso dipekso. Yo mungkin ono sing berhasil belajare mergo dipekso. Tapi piye yo opo kowe ki gelem wong ora doyan duren kon mangan duren sak gluntung? Yo mlukok nda (Aku dewe wes tau nyacak, mlukok temenan asli). Tapi kan suwe-suwe doyan. Yo doyan tapi... koikie lur. Misale aku pingin mlebu IPA tapi bapakku mekso aku kudu mlebu IPS. Terus tak lakoni tekan lulus. Nek kokui kan brati aku mampu alias berhasil.


Sek lur, sek.. sek... iyo berhasil tapi biso bae prestasiku biasa-biasa bae sebab aku ora minat nang jurusan sing di pekso bapakku tenimbang nek aku mlebu jurusan sing tak minati dek njero atiku yokui IPA. Tapi kan podo bae ora mesti! Perhitungane ngene lur, podo-podo ora mestine nangopo mekso wong liyo njalani pilihanmu? (Cemet og...).


Kudu biso mbedakke antarane mekso karo ngei solusi. Nek ngei solusi brati yo ono omonge, dipiker bareng-bareng, dirembug bareng, dikei arahan, dibabarke pandangan lha saiki boro-boro bocah dijak rembukan wong ujug-ujug didaftarke sekolah. Nek ora anut diseneni. Alah lek-lek koyo jaman londo bae. Saiki wes jamane kreativitas sing dasare kui dek njero manungsone dewe.


Jareku strategine ngene, misal sampean males belajar utawa mbukak buku utowo netbuk yo dimulai dek mp3nan sek misale utawa ndelok pilem. Intine ngrayu awake dewe men gelem belajar. Eleng yo udu mekso, tapi ngrayu. Sebab psikologine wong nek dirayu ora bakal berontak (kecuali dirayu balikan areng mantan, ciattt.. cemet...). Karo yo mbok awake dewe ki dihormati, self respect jare wong kulon kali kae. Ojo pisan-pisan mbok larani, wong awak yo awakmu dewe si.


Pola pikir koyo nduwur mau biso diterapke neng beberapa hal ora kudu nang persoalan milih jurusan tok. Misale bae perkoro milih jodo yo keno (ndean tapikno lur... wong aku dewe urung tekan kata kerja tingkat ke tiga taksonomi Bloom). Opo kui? Mengaplikasikan lur, cemet ah.


Sepisan maneh! Belajar kui ojo mergo ngroso pinter utawa ngroso bodo lur. Ajaro opo bae sing pingin mok kembangke kanggo kemanfaatane awakmu. Tur ora nekakke bahaya neng awakmu dewe utawa liyane. Selagi kowe mantep ngopo sambat?


Kiye tak kei judul pilem apik sing zek ono hubungane karo bahasan iki. Sing wis terkenal ono pilem India judule Three Idiot, asli sampean bakal ngekek tur ora mboseni. Sing nomer loro judule Tere Zamin, nek iki rodo ngenes tur gawe mbrebes mili. Ono maneh sing dek Thailand judule Teachers Diary, asli bintange ayu lur (Ojo ngemat bintange tok aaa). Terus ono maneh sing dek HK alias Hong Kong judule Big Brother, asli puo sampean cok ndlongop tok lur. Yakin puwo, percoyo bae karo aku. Nha sing terahir iki sing rodo radikal alias garis keras alias atos yokui pilem dek Pakdhe Sam a.k.a Paman Sam a.k.a Uncle Sam judule Captain Fantastic, asli sampean kabeh bakal geleng-geleng sirah ndelakke cara ndidike bintang pileme.


Yowes semene bae orasah dowo-dowo. Iki mung cangkrokan ora mesti pas diterapke neng situasine sampean-sampean kabeh. Mugo ono manfaate lur. Suwun

0/Post a Comment/Comments